RSS Feed
Peso UNWIKU

eBook Babad Tanah Jawi

Posted by CahNdeso Labels:

Kang wus kasumurupan, karajané bangsa Indhu ana ing Tanah Jawa, kang dhisik dhéwé, diarani karajan ”Tarumanagara” (Tarum = tom. kaliné jeneng Citarum).

Karajan iku mau dhèk abad kaping 4 lan 5 wis ana, déné titi mangsaning adegé ora kawruhan.
Ratu ratuné darah Purnawarman. Mirit saka gambar gambar kembang tunjung kang ana ing watu watu patilasan, darah Purnawarman iku padha nganggo agama Wisnu.

Ing tahun 414 ana Cina aran Fa Hien, mulih saka enggoné sujarah menyang patilasané Resi Budha, ing tanah Indhu Ngarep mampir ing Tanah Jawa nganti 5 sasi.

Ing Cathetané ana kang nerangaké mangkéné :
1. Ing kono akèh wong ora duwè agama (wong Sundha), sarta ora ana kang tunggal agama karo dhèwèkné: Budha.
2. Bangsa Cina ora ana, awit ora kasebut ing cathetané.
3. Barengané nunggang prahu saka Indhu wong 200, ana sing dedagangan, ana kang mung lelungan, karepe arep padha menyang Canton.
Yèn mangkono dadi dalané dedagangan saka tanah Indhu Ngarep menyang tanah Cina pancèn ngliwati Tanah Jawa.



Ing Tahun 435 malah wis ana utusané Ratu Jawa Kulon menyang tanah Cina, ngaturaké pisungsung menyang Maharaja ing tanah Cina, minangka tandhaning tetepungan sarta murih gampang lakuning dedagangan. Karajan Tarumanagara mau ora kasumurupan pirang tahun suwéné lan kepriyé rusaké. Wong Indhu ana ing kono ora ngowahaké adat lan panguripané wong bumi, awit pancèn ora gelem mulangi apa apa, lan wong bumi uga durung duwè akal niru kapinterané wong Indhu. Ewa déné meksa ana kaundhakaning kawruhé, yaiku mbatik lan nyoga jarit.


Download here Link1

1 comments:

  1. faqih

    Situs yang bermutu, saya sangat suka dengan buku-buku sejarah. Kalo bisa posting kisah majapahit dan nusantara. Salam

Post a Comment

Related Book

Software Comic Book Creator Standard Click Here
Software Digital Book Creator Standard Click Here
Get cash from your website. Sign up as affiliate.
Recent Comment
Sign up for PayPal and start accepting credit card payments instantly.